Sabtu, 04 Juni 2022

eling biyung


 laire mung bondo slendang kawung
kemulan anyep dadi anget ing wayah dalu
tangise jabang bayi nglegakno dadane eyang kakung
wes ditahan banyu moto isih ngembes nlutuh

bungahe biyung kelewat angkane 
nganti lali anggone nyikep singset nali
tombo teko loro lungo bocah iki wes kersane
nyusoni karo umik-umik mbrebes mili

pandungone biyung mesiyo nawondas tur lirih
diselingi sengguk tangisane, aku ngrungokno
dadi wong sak madya wae, nyelehke nafsu kekalih
open ingkang kaping telu eling marang seng kuoso

biyung niku saneh tiyang resik mening, tanpa cidro
weruhe mung blokosuto, yen ora seneng luwih apik nyingkrih
ora selak marang kahanan, diadepi tapi ora sembrono
ngajari wiwit cilik ojo crah karo sedulur, andum yen ono luwih

ooh biyung kulo nyuwun pangapuro, kulo dereng saged
damel bungahe manah, ooh biyung kulo kelangan
 rasane sedih, isone mung ndongaaken mugi gusti midhanget
urip iki sementara, tapi rasa tresnoku ora sirna nir sambikala


1 komentar:

Anonim mengatakan...

bikin mewek ajah