duh gusti ingkang murbeng dumadi
srengenge nyunar angin ndarat nderek
lintang kebyar ngalahake padang bulane
sedaya nderekaken panjenengan takdim
dawaha rejeki rohmad miwah yuswa kawula
mugiya pinaringan padang dalanipun pikir
pun ambakno dhodho saha manah kawula
welas marang liyan miwah asih kinasih
ilining tirta amerta mrasuk ngadusi pasuryan
dening sedaya kepinginan elek ala curiko
pasrah kawula mbukak dadyo tulus ngomahan
ngadoh saking tumindak nepsuning hawa ala
mugi mboten kegoda ndampar keprabon
sampun telas nglangkahi wong wadon
sareh mboten ngangsa ngoyak kasugihan
dedunga mujamuji asmaning gusti kanti kasinggihan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar